Soal Ngurutne Teks Sesorah by B_27_Nirmana Ratri Prabandaru

Urutna teks sesorah ing ngisor iki!
1)
Pancen dereng wonten panaliten bagagan kasilipun parenting kanthi ngetrepaken unggah-ungguh, namung kula pitados bilih unggah-ungguh basa ingkang sampun dados warisan para leluhur kula lan panjenengan temtu ngemu suraos becik, menapa malih menawi dipun wucalaken dhumateng lare minangka dhasar pendidhikan ing kulawarga, ingkang samangke saged dadosken lare menika gadhah tindak tanduk saha unggah-ungguh ingkang nengsemaken.

2)
Cekap semanten atur kula, ing wasana kirangipun basa saha suba sita anggen kula micara, saking adhaping manah kula nyuwun agunging samodra pangaksama, nuwun matur nuwun

3)
Assalamualaikum wr wb
Shalom
Namo budhaya
Salam kebajikan
Om swastiastu
Rahayu

4)
Wassalamualaikum wr wb.

5)
Ingkang kinurmatan bapa ibu dewan pambiji
Ingkang kinurmatan para panitya
Saha para pamiarsa ingkang satuhu binektenan
Puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha welas lan asih, awit kula panjenengan tansah pinaringan rahayu wilujeng, dipuntepangaken nama kula Djenar Prabaningrum, saking kelas XI IPA 3 SMA Negeri 7 Surakarta, kepareng badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “ Wigatosipun Nglestareaken unggah-ungguh basa jawa”.

6)
Mugi-mugi kula lan panjenengan Sedaya saged jumangkah sesarengan lan tansah gegandhengan kangge nglestarekaken basa Jawa, awit basa menika dados jiwanipun budaya.

7)
Sinten ingkang mboten mongkog penggalihipun menawi para putra menika saged matur ngangge basa krama? Tiyang sepuh pundi ingkang mboten sengsem raosing ati mirsani para putra sanget anggenipun ngajeni. Rasa mongkog rasa sengsem kala wau mboten sanes tuwuh saking unggah-ungguh, tindak tanduk.

Nanging eman, jaman samenika lare alit sami gegujengan gadget, malah wonten ingkang gadhah sipat anti sosial, rumaos sampun pikantuk raos remen, sengsem, kepara jenjem menawi sampun nyepeng gadget dolanan game online. Panaliten ing Brison University sampun nedahaken bilih gadget menika mbebayani tumprap lare alit malah saged nuwuhaken penyakit depresi, anti sosial lan penyakit mental sanesipun. Menika sampun saged dados dhasar ingkang saged dipenggalih kaliyan tiyang sepuh, bilih majengipun teknologi menika wonten bagean positif ugi tamtu negatifipun. Mila menika para tiyang sepuh kedah langkung wicaksana anggenipun nggulawenthah putranipun.

Sarana kangge ngawekani perkawis menika inggih ngetrepaken ngelmu parenting ingkang sekeca tumprap lare ugi tiyang sepuhipun. Salah satunggaling cara parenting inggih menika kados pundi ngurmati dhumateng tiyang sanes mawi unggah-ungguh ingkang trep. Babagan menika wigati dipunwucalaken kaliyan lare wiwit alit amargi menika perkawis dhasar. Tuladhanipun tiyang sepuh kedah gemati kaliyan lare, asring pun ajak gineman lan dolanan kapurih sipat anti sosial mboten tuwuh ing dhiri lare. Saking asringipun gineman kalawau tiyang sepuh saged ngetrepaken unggah-ungguh basa ingkang leres kaliyan lare.