Zahro Aulia Mayasari(31) Sahnas Ibrahim M(23) by Zahro Aulia Mayasari

Tema
tema adalah gagasan utawa Idhe sing dadi underane cerita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inti ceritane.

Alur
yaiku pola pangrembakane crita kang dumadi saka sesambungan sebab akibat lan disusun ganti kronologis. peran alur wiganti banget amerga alur mujutake struktur rerangkening prastowo kang nyurung alur crita.

Latar
yaiku salah sawijining unsur intrinsik sajroning cerita, yaiku unsur pembangunan cerita kasebut dewe. anane cerita latar iku Wigati banget lan perlu. amargi setting meniko mbiantu pemaos kangge mangertosi isining crita.

Paraga
yaiku tokoh utama pelakon ing Jero cerito. lng Jero cerito mesti ono paraga lan paraga mesti ono watak.

Koda
yaiku unsur kang kinandut sajroning cerita, kang isine amanat utawa pesan kang arep diwedharake cerita.

Tema
Kisah Cinta

Alur
Alur Maju
Amarga nyritakake kedadean crita saiki lan jaman esok

Latar
Latar Tempat: Omah pak camat
Latar Waktu: -
Latar Swasana: Seneng lan sedih

Paraga
- Ibu
- Nyambik
- Jaka Rahmat
- Kenanga
- Gading Kuning
- Gading Putih
- Melati
- Pak Camat

Koda
-Ora ndelok kakurangan e uwong lan Ora pilih pilih
-Kudu iso nompo apa anane

CHANDI RORO JONGGRANG
Narasi : Kesebat lebet setunggal kisah Babat siti Jawi, enten setunggal keraton ageng ingkang dipun pangagengi dening satiyang ratu buta, ingkang nduwe asma Prabu Baka.
mbasi  berwujud buta nanging nggadhahi satiyang putri ingkang elok jelita, ingkang   dipunsukani asmo Roro Jonggrang dipunceriosaken, Roro jonggrang saweg sedhih, amargi nembe dipuntilar ayah handanipun, Prabu Baka, ingkang dhawah ing papan lagan. Saksampune perang mengsah ksatria keraton pengging ingkang kagungan asama Bandung Bondowoso.

Awal cerios dipunawiti saking taman sari keraton Prambanan

Emban 1          : Nuwun sewu Gusti Putri, ampuna Gusti putri lajeng kados pundi ugi kita sedaya pancen kedah tabah nampi keyektosan menika.
Emban 2          : Ya ra maido lo mbakyu, kepriye rasane sing diadhepi Gustri putri. Wis Keraton Ambyar. Gusti Prabu Baka kudu tiwas ing papan lagan
Emban 3          : Pancen Abot Coban sing kudu diadepi Gusti Putri
Emban 4          : Tapi arep piye maneh? Kabeh kui wis kedadean? Awak’e lo iso opo?
Emban 2          : Ya embuh, aku ya malah bingung ngene ki. Aku mik pingin nyawang eseme Gusti putri. Wis suwi aku ora mresani eseme gusti putri, jarene Kang Paijan ...
Emban 1          :Kang Paijan? Sing tukang gawe cikrak kui?
Emban 2          : Iyo…
Emban 3          : Jarene kang paijan piye?
Emban 2          : Kang paijan dawuh, ing Keraton Prambanan iki, mik enek wong loro sing eseme legi banget, sing kapisan ya mesthi Gusti Putri Roro Jonggrang
Emban 1          : Terus sing ke loro?
Emban 2          : Jarene sihh….. jarene Kang Paijan lo ini …….
Emban 1          : Iya Sapa?
Emban 2          : Wong kapindo sing nduweni esem pualing manis ya iku…. Yoo aku dewe no!
Emban 4          : Hoo alah, mbok ya ngaca ! Rumangsamu kowe kui sapa? Ngomong kok angger njiiieplak wae
Emban 2          : Yo kan pambisa uwong iku kan bedo-bedo to yu..
Emban 1          : Wes wes coba ta saiki, presanana bendharamu kui, wis suwi ora kersa dhahar.
Emban 1          : Wiiiih iki yo sip, tapi nyanyi lagune sopo? Aku ra iso nembang pucung!
Emban 2          : Sek sek...
*Gusti putri roro jonggrang nyanyi lan jogetan
Emban 1          : Lhaaaaaaaaa rak nggeh ngaten to gusti putri… kita-kita para abdi dalem kan ya nderek seneng
RJ                    : Sopo lo sing ndak sedhih biyung emban, Negara kita dikuwasani musuh, Ramaku Prabu Boko uga sedha. Kapriye nasibe rakyat tlatah Prambanan iki? Kapriye biyung ?
Emban 1          : Nuwun sewu Gusti Putri, kepareng matur menawi lepat nyuwun ngapunten
RJ                    : Arep matur apa biyung emban?
Emban 1          : Pancen bubur wis dadi sego, Negara kita wis diwasahi musuh, sing dipimpin Bandung Bondo Woso
Emban 2          : Iya yu, Jarene Bandung BondoWoso kui guuanteng banget kaya ….
Emban 1          : Hus! Menengo disik. Lek enek wong gantheng mengko ae. Ngapunten Gusti Putri, lare niki wau pancen dereng ngombe obat, dados nggeh maklum…mboten jangkep setunggal atus.
RJ                    : Iyo biyung emban ora popo! Sak tenane aku kuwi yo penasaran kaya apa ta Ksatria Pengging Bandung Bondo Woso iku? Apa biyung presa lan ngerti?
Emban 1          : Yoo mesthii no Gusti…jaman sak iki niku sarwo canggih gusti, enten mbah
Google, Path, Ig, Twitter, Facebook lan sak penunggale.
Emban 2          : Walaahhhh.. Yen Jarene Kang Paijan…
Emban 1          : Kang Paijan maneh,,,nduwe pacar tukang gawe cikrak wae bangga
Emban 2          : Ya ben, penting khalal ora entok soko nyleding opo maneh nyepik. Timbang sampean Jomblo opo kurang laku yu?
Emban 1          : Bocah ediiaan,, tak tapuk sandal tenan kowe mengko
RJ                    : Kang paijan mu dhawuh nopo emban?
Emban 2          : Kang paijan dhawuh yen Bandung Bondowoso iku Ganteng lan gagah prakoso Gusti, Jomblo pisan koyo Sule ngoten niko lo Gusti
RJ                    : Masio giantheng koyo tuntheng, dheweke wis njalari Bapa ku Sedha biyung, Aku ra sudi , Amet Amet
Emban 2          ; Walahh nggeh mpun kesusu riyen to gusti, dipresani riyen too
Emban 1          : Heh ! aja kurang ajar kowe, padhakne dangkrenganmu wae, kados enten sing dugi Gusti, Sinten nggeh,,??

Putri Roro Jonggrang Mboten Preso yen Bandung Bondowoso sing njalari Sedha Ayahhandane. Piyambak’e sedaya sami kasmaran
BB                   : Wahaii Gusti Putri sing Ayu kaya Dewi Shinta, Kaparing Asma Sopo?
Emban 2          : Nuwun Sewu nami kulo………
BB                   : Duduk awakmu sing tak takoni, ngaliha
Emban 1          : Sokor……..bocah lek ngosek ya ngono kui oleh-oleh e
BB                   : Gusti Putri ingkang ayu ora ana tandingane, Kaparing Asma sopo to?
RJ                    : Kula Putri Kedhaton Ing Tlatah Prambanan iki, Kaparing Asma Roro Jonggrang
BB                   : Subhanallaahhh……. Tibake iki to Gusti Putri Roro Jonggrang kui, esemmu ngalihaken donya ku.
RJ                    : ahhh .. empun kathah – kathah mengke kula mumbul lo kang mas
BB                   : Ehh.. ngerti opo ora bedhane cahyane Badra karo cahyane soco mu?
RJ                    : Mboten, nopo kang mas
BB                   : Cahyane Badra iku nyejukake bawana nanging yen cahyamu Nyengkuyung   Atiku
Emban 2          : Eh mas, Ngertos nopo mboten bedanipun Bola Lampu kalian Bola Mripat kawulo
BB                   : Bentene nopo nggih biyung?
Emban 2          : Nggeh katah to mas, Bola Lampu disetruk lak murup nggeh… yen Bola Mripat kawula yen disetruk yaa innalillahi wa’innailaihi raji’un to raden kangmas.
BB                   : sek sek kalem ae biyung, jajale biyung embang ngertos nopo mboten bentene bolongan knalpot kaliyan lesan biyung?
Emban 2          : Nggeh Kathah to den mas ?
BB                   : Mboten enten bentene biyung… hahaha
Emban 1          : Sokor, yo mlebu ae ngrusak I cerita ae kowe ngko
RJ                    : loh.. sak temene njenengan niku sinten nggeh..
BB                   : Aku Panglima Kedhaton Pengging, Bandung Bondowoso
RJ                    : Nopo mboten klentu kang mas? Njenengan Bandung Bondowoso niku?
BB                   : Inggih Nyai
RJ                    : Leres, njengan ingkan mejahi Bopo kawula?
BB                   : Leres Sanget, Nangging aku kepekso
RJ                    : Kepekso?
BB                   : Injih, Kepekso amargi kesatria ing palagan kui mik nduweni 2 pilihan, mateni apa mati
RJ                    : Sampean Tego Bandung Tego
BB                   : Dudu aku sing tego, tapi iki aturan kang kudu dianut
RJ                    : kanggoku, sampean tetep uwong sing njalari Bopoku Ninggalake aku
BB                   : Wistalah Jonggrang, Negara ku lan Negaramu pancen kudu perang, Bopomu pancen wis sedha nanging ayo kita bukak lembaran anyar mik enek aku lan awakmu
RJ                    : Kenangan ku karo Bopoku ora bakal tiwas tak lalek ake
BB                   : oke .. okee jonggrang, sing uwis ya uwis ora usah di iling-iling
RJ                    : Enak wae opo maksudmu?
BB                   : Kalem…. Kalem… pangertenono jonggrang aku tresno marang sliramu, aku uga wis ditunjuk Sinuhun Pengging Prabu Pengging dadi Raja Ing Prambanan ini.
RJ                    : Dadi awkmu njaluk opo? Kurang opo Kangmas Bandung?
BB                   : Kangge kui kabeh aku niat dadek ake awkmu garwaku, dadi prameswariku.
RJ                    : Ora purun kuloo
BB                   : Jonggrang yen sliramu mbaturi aku seumur urepku aku bakal nuruti opo penjalukanmu
RJ                    : Tapi aku nyuwun syarat sak durunge sampean dadekake aku dadi garwamu, Kuwalo mboten nyuwun emas permata, ojo maneh watu akik, Tresna iku
mboten saking kerlap kerlip’e tahta, nanging saka tresna saka ati sing paling jeru, ora adoh saka kui aku mik nyuwun dibangunake candi dalam satu malam
BB                   : Sendiko dawuh Bidadariku, sayangku, tresnaku tulus lan suci kangge awkmu, opo wae tak lakoni janji awakmu ing sisihku
RJ                    : Wiwit saka bengi iki
BB                   : Sendika dawuh Gusti Putriku, Bala ku budall!!

Bandung Bondowoso lan balane lekas mbangun penjalukane Rorojonggrang
kang dadi syarat sing kudu di tuntasake Bandung Bondowoso sajrone Cukup
Wengi iku. Ora ono Nyang-Nyangan

RJ                    : Biyung emban, mriki..
Emban 1&2     : Wonten dawuh gusti?
RJ                    : Jam piro iki maeng?
Emaban 3        : Jam 3 Gusti
RJ                    : waduhh, aku kudu piye iki?? Iso-iso bandung ngrampungake penjalukku
Emban 2          : Tegese Gusti Putri Dadi Garwane Raden Bandung ya Gusti?
RJ                    : Lha iyaa aku ora gelem
Emban 2          : Lha dos pundi ta Gusti Putri?? Nopo Kulo ganteni Posisi Gusti Putri, kan kula kalian Gusti Putri 11-12 Ora bedo adoh kan?
Emban 1          : Kok sik semoat to yoo yoo
Emban 2          : Kepriye yen awak’e gagalake Raden bandung karo unen-unen ndeplok pari, amargi Raden Bandung mboten Kerjo kiambak Gusti?
Emban 1         : Waahhh yo iki apik iki
RJ                    : Aku paham biyung emban, ayo gek ndang budal ae selak keburu wektu, Perintahna kabeh Rakyat Prambanan mbantu aku ya biyung
Emban 1 & 2   : Sendiko dawuh Gusti
Emban 1         : Waahhh yo iki apik iki
RJ                    : Aku paham biyung emban, ayo gek ndang budal ae selak keburu wektu,
Perintahna kabeh Rakyat Prambanan mbantu aku ya biyung
Emban 1 & 2   : Sendiko dawuh Gusti

Roro Jonggrang mrintahakeh supaya rakyate mbantu deweke gawe unen-unen saka lesung, kanggo nggalake usahane Bandung Bondowoso. Sakliane Ngunek ake suoro lesung deweke nyebar wangi-wangian, lan siasat iki kasil.
Para Prajuriit Bandung Bondowoso Keteteran lan Mlayu ketepang-tepang
BB                   : (Metu nemoni Roro Jonggrang) Jonggrang, wong ayu, wong manis calon garwaku, apa kang dadi panyuwunmu wis tak pinangkani wong ayu,… ayo ndang moro gone penghulu, tak dadekne bojoku.
RJ                    : Sek sek kang mas, opo wis tenan panyuwunku wis kok rampungne, wis kok wujud ake??
BB                   : Yomesthii Uwes noo Cah kene Omah;e Kono, Sumur sak Padasane, Lan 1000 Candi penjalukanmu cah ayu.
RJ                    : Tapi nopo wis yakin kang mas, yen wis enek 1000 candi
BB                   : Yomesthi sudahhhh too sayang
RJ                    : OoOoO ora iso, bukane iki kurang siji?
BB                   : Jane aku wis paham yen sliramu sing gagalake, Mula kui Sampean kudu dadi garwaku.
RJ                    : Emooohh bandung aku ogah
BB                   : lek ngono awkmu sing dadi pelengkape jonggrang awkmu candi ke 1000
RJ                    : Oraaa!
BB                   : Jonggrang ono opo iki Jonggrang aku tresno sliramuu!!!

Narasi              : Deladhuk anggenipun sakti sang Bandung Bondowoso, iling-iling kang taksrih kang turune narindra sekti mandra guna opo kang kasabda tratampuh bakal dadi kasunyatan, ilang wujud e Roro Jonggrang, kenyo ayu sulistya ing warna, glagar dadi reco jengkaping candi sewu, mangkaten menika jangkeping lakon Roro Jonggrang Nyuwun Pangapunten saking sedaya kalepatan Jaya jaya wijayanti ing sambi kala, Mugio rahayu ingkang satrio pinanggih

Paraga:
- RJ = Raja
-  BB = Bandung Bondowoso