Geguritan XI H by Intan Krisna

Arimbawa Bayu aji (5)
Pekerjaan

Esuk teka, semangat anyar,

Nyambut gawe, ora ana alangan.
Kreatifitas lan tekad dadi senjata,
Ngupadi masa depan sing cerah.

Ora wedi tantangan, ora mundur,
Kabeh rintangan diadhepi kanthi wani.
Pekerjaan iki dadi panggilan,
Nggawe urip luwih bermakna.

Generasi muda, kita pancen luar biasa,
Nyambut gawe kanggo masa depan bangsa.

Shaquille Kamal (29)
WONG TUO

Wong tuo,

pahlawan sing  tanpa tanda jasa

kersa ngopeni tanpa pamrih

Saben dina, saben wengi,

kabeh uga kanggo  anak-anake.

welas asih ora ana enteke

Sabar uga tulus tanpa wates

Aku mung bisa matur nuwun,

Lan janji ora bakal lali.

Wong tuo,

panutan lan teladan,

bakal tak eling saklawase.

RAFA ATHALLAH ADITIA/26
Bapak

Bapak, panutan gua pahlawan,

Panjenengan sing tansah ngupadi,

Ngupayakake kabecikan lan kabutuhan, mboten kate ngeluh,

Mboten kerso mundur.

Bapak kang ngajarake ,

Teguh lan sabar

ngadhepi pula kuning urip,

Ngerti yen perjuangan iku ora gampang, Nanging kudu dilakoni kanthi ikhlas.

Matur nuwun, Bapak,

Kagem sedaya pengorbanan lan katresnan

Muhammad Alif Fahri Maulana/22
Ibu, ...
sinar padhang ing wengi iki
Tresnamu kadya lintang ing langit
Ora ana kang bisa ngganteke Kesabaranmu tanpa wates.

Ibu ,pangayomanmu kang tulus,
Ngancani saben langkahku,
Doa-doamu kang suci,
Ngiringi saben lakuku.

Ibu, tresnamu ora bakal luntur,
Sampai kapanpun, aku tresna marang kowe.

Saskia Amellia (28)
Generasi muda

Wayah esuk ing wanci padhang

Nalika srengenge wiwit munggah

Kita generasi muda

Kanthi semangat njurung langkah

Nggayuh gegayuhan lan gelar

Urip kuwi ibaratke kaya kupu-kupu

Sadurunge dadi apik

Ana proses sing kudu dilewati

Ngarep-arep tekan puncak

Ngupaya kasampurnaan

Dzakwan gavin ramadhan (10)
Kesuksesan lahir saka usaha,

Mantepe tekad ngatasi rintangan,

Kringet lan dedonga dadi saksi,

Nggawe jalan lumintu, makarya.

Sukses ora mung piala utawa bondo,

Nanging jatining diri sing ora gampang goyang,

Tekad ati uga tanggung jawab,

Ngasilake prestasi kang nyata.

Puncak sukses iku tansah ngajari,

Yen kang utama iku kawruh lan sabar.

Erina Wardayana (12)
Langit ing wengi dina

Adem kang kaya nusuk balung

Ku pandangi langit peteng iki

Katon ewonan linthang kang ora kapetung

Diterangi sasi kang bersinar ayu

Wengi Iki kang endah banget

Langit

Aku arep tansah nunggu kedatanganmu

Karo ewonan linthang lan sasi kang bersinar terang

Dadia kancaku

Kanca ing saben malamku

Latifah Wredita Sarsi. H (19)
SEKOLAH

Sekolah papan panggonan ilmu

Ayo padha giat sekolah

Amerga urip iku

Kudu di imbangi karo ilmu

Ngasah ilmu kang ora luntur ing jaman

Sekolah papan nulis harapan

Bungah, sedih, lan kridha bareng kanca

Ngajari urip kanthi sabar

Tekan wayah sesuk tansah eling

Kawruh kang gawe ngundhuh wohing pakarti

Yovina Ramadhani (33)
Kanca Sejati

Ing wengi kang sepi lan padhang rembulan.

Kita loro lumaku bebarengan.

Ngliwati dalan urip kang kadang kebak pepalang.

Kowe kanca sejati, mesthi ana ing saben lakuku.

Saben tembung lan guyumu ngguyoni ati.

Ngobati saben tatu kang ono ing jiwaku.

Kowe dudu mung kanca biyasa.

Nanging penyangga kang mesthi setya.

Ing antarane wengi lan awan.

Kowe dadi cahya, dadi kekuwatan, dadi panglipur.

Annisa Rahma(3)
kupu kupu

Oh kupu kupu..

Ayune awakmu

Nari nari ing nduwur langit biru

Tenan endah werna sayapmu

Mabur ing ngendi wae tanpa krasa kesel

Ing antarane kembang kembang kang endah

Pengen ku dolan karo awakmu

Kanggo ngelipur atiku sing susah

Ohh kupu kupu

Tetep karo aku lan dadi kanca ing kesepenku

Keisha Elvaretta Angela (18)
PITUTUR

Ora ono urip kang tanpa pacoban

Kudu eling lan waspada saban wektu

Aja nganti lali marang asale

Donga lan pangestu sakabehe

Urip bakal tentrem lan mulyo

Pitutur luhur,

aja nganti lali

Sejatine urip mung mampir ngombe

Merga urip iki ora suwe

Kabeh bakal bali marang Gusti

Abdullah rochman rizki/01/XI-H
nguber cita-cita

Kang mbiyen ngalor ngidul nyemak lintang,

Ngimpi kang lumaku ing awan wanci,

Laku tetep sepi kang ora kena kendhat,

Munggah dhuwur, ora ana watesé.

Rembulan sing padhang maringi cahya,

Nuntun ing dalan sing ora pati cetha,

Keringat kang nyusut nyawiji karo lebu,

Sukses kapanggih ing pungkasan usaha.

Nyatane wektu, nggayuh cita-cita,

Munggah langit, tembus angkasa.

Kalila Helga Aleshia (17)
"Konco Sak Lawase"

Ketemu sepisan, langsung klik,

Ngancani saben dina, ora tau kuciwa,

Tawa lan tangis, kabeh bareng,

Konco sejati, ora tau ilang.

Dolanan bareng, guyu nganti perut lara,

Ngeluh masalah, dadi lega,

Mabur impen, nggayuh angkasa,

Konco sak lawase, tresna selamanya.

Senengmu ya senengku,

Konco sak lawase, ora bakal lali.

Mochammad Dzulfiyan Afriiza/21(XI-H)
Generasi Muda

Generasi muda, tulang punggung bangsa,

Ngudi kawruh, nggayuh cita-cita luhur,

Ngupadi ilmu, ora kendhat semangat,

Ngluhurake budaya, njaga warisan leluhur.

Ing tanganmu, masa depan bangsa,

Kudu tangguh, ora gampang nyerah,

Ngadepi tantangan, kanthi ati kang wening, Ngupaya kamulyan, kanggo bangsa lan negara.

Joevini Zacky S (16)
Tresnani Budaya Lokal

Sejatine manungsa saking dinten dhateng dinten

setunggal angkatan ingkang sami-sami nyambet

kalih kepanggih utawi mboten kepanggih

masa rumiyin, masa sapunika, masa mangke

sampeyan mboten saged nggayuh sinar

kejawi kedah ngalami kelam

sampeyan mboten saged copot saking gengsi

kejawi sampeyan pitados dhiri kalih tampil prasaja

sampeyan mboten saged copot saking budaya jawi

kejawi sampeyan kulinten mboten kepengaruh dening bab enggal

Dinda Inayah Azzahra XI-H (07)
Sahabat

Sahabatku, ing wektu seneng lan susah

Panggonan kanggo crita isi ati sing tulus

Nalika kita ngguyu bebarengan

Nalika kesusahan, kowe ora mung ngrungokake, nanging uga ngrasa

Kowe ora tau ngeluh, ora tau sambat

Kabeh wektu, kowe mesthi ana

Dudu sedulurku, ora uga kerabatku

Nanging, kowe luwih saka kanca sing cedhek

Saben wektu, saben jaman kita terus ngancani

Tanpa kowe, urip iki kaya ilang maknane

Sebab kowe, sahabatku, sing ndadekake urip luwih lengkap.

Elisa Athiyya Ayundara (11)
Kanggo Kanca

Biyen, tanganmu genggem tanganku

Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis

Biyen, guyumu nentremke atiku

Nanging saiki….

Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku

Kanca-kancaku kabeh,bayangna

Apa sajatining kahanan sajroning dunya

Yen ora ana welas lan asih

Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih

Ing sakjroning manah atiku

Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku

Kanca lan kancaku

Elinga rasa atiku iki

Jaganen rasaning welas asih iki

Fransisca Arvyana Setyawan (13)
Kucing Oranye-Ku

Wulu-mu oranye, anget srengenge

Mripat bunder, kebak pesona

Manja mlaku, ing pangkuanku

Swara alus, nenangke ati

Tingkahmu lucu, ngundang guyon

Kowe kaya raja ing istanaku

Kowe kanca setya, ing wektu sepi

Langkahmu alus, kaya angin sepoi

Kucing kesayanganku

Terusna ana kene bebarengan aku

Salsabil Denuz Alfanella (27)
Kembang.

Kembang mekar ing mangsa sepi,

Seserang-seserang endah nyeraki ati.

Ing kebon urip tansah sumringah,

Nggodha alit-alit lintang kang nindih.

Aromane kembang ngambang menawa,

Ngimbangi udhara, nggawa katresnan.

Sinar srengenge ngalem lembut,

Ngalawani angin kang tumitah lembut.

Kembang iku pesona kang ora mati,

Memanise nglipur ing mangsa apa wae.

Dwi Wahyuning HR (09)
Panjalukan Kutha

Kutha iki kebak swara lan swasana,

Saben pojok nyimpen crita kang sumebar, Lampu-lampu dadi lintang ing dalan, Nanging ana sepi kang ndhelik ing pojok.

Gedhung-gedhung nyawang langit sing peteng,

Ing antarane swara, krasa sunyi, Dalan-dalané rame, atine sepi.

Sapa kang ngerti isi kutha iki?

Nanging kene, pangarep-arep isih urip, Ing antarane cahya lan bayangan kutha.

Syah'la Bunge Katiara (30)
IBU

Tresna asih ibu

Ora ana kang bisa ngganteke

Panjenengan sing tak sayangi,tak hormati lan tak patuhi

Pangorbananmu kang tanpa wates, ora bisa tak bales

Kesabaranmu kang kebak wutuh

Ibu Pahlawan uripku

Donga ibu kang tulus lan suci ngiringi awakku

Tresna lan welasmu marang aku ora bakal puput

ibu...

panjenengan onok terus kanggo aku

tanpa rasa pamrih lan rasa kesel

panjenengan ora bakal tergantikake

asmane panjenengan tak inget lan tak ukir ing wardaya ku

Alisya Mazaya Syiham/XIH/02
Masa Enom

Ing remaja, umur pitung-putus,

Lampah manungsa, lelampah kebebasan,

Kembang kemawon mekar koyo dedali,

Warna-warni, lara-lara, tangi rasa.

Gusti remaja, ing angkasa awan,

Bumi kabeh mung petengan,

Sare, sapa, doa, syukur,

Ngukir pangapura, ngerti jaman.

Donya kahanan, mimpin prakara,

Aja dipirengi, ajeng dipurungi,

Ing ati mungguh marang awit,

Ning kono, tetep manungsa.

Naysila Dwi Aprilia (24)
kucing peliharaan

Wulu alus katon kain sutra

Awak e cilik, mripate biru

Saben dino guyune tansah sumringah

Tansah teka, nalika diceluk

Swarane tansah alus yen dijak omong

Saben ana wong sing buka lawang

Tansah marani karo mlayu

Saben dina mlaku riwa riwi

Saben metu saka omah, nggawe ati ora tenang

Terusa dadi kanca dolanku

Aretha Zizi Ardana (4)
Wis jamane

melek matane... hp

arep turu... hp

kapan ono wektu... hp

bocah saiki ora reti dolanan

ora ngerti jamuran

dolane game-gamean

dolanane ya tiktokan

ngguya ngguyu dhewekan

duh gusti ojo nganti kedadean

Ghatita Ratri Candraditya (14)
Kebersamaan

Sahabat sejati, kaya rembulan,

Nyangking padhang, nalika wengi kelam.

Ing saben dina, padha nyengkuyung,

Nganti tekan pungkasan, ora bakal ilang.

Saka canda lan tangis bebarengan, Ngranggeh urip, ora kersa ninggal.

Panglipur ati, nalika rasa susah,

Kanca sejati, dadi purnama panglipur.

Sahabat iku, kaya harta sejati

Ora bakal sirna, nganti jaman pungkasan.

Nasywa Aisha D. (23)
Wis lunga, kancaku

Ngarsamu kaya hadiah sing ora dikarepke

Ing ulang tahunku sing kaping sewelas

Dadi kanca nalika lagi bosen

Panglipur susah, pangulem bungah

Kowe kaya srengenge ing tengah prahara

Nanging kowe wis ilang

Diuntal dening badai dhewe

Ing ngrangkul tanah kelairanmu

Anggere kowe ngerti,

Aku neng kene, isih ndedonga karo kowe..

Dea Ristiani Isnenyta (6)
Ngupadi Ilmu

Bocah enom, kang isih SMA,

ngadhepi masa depan, kebak tantangan.

Karo sengkuyung lan tekad kuwat,

dheweke kabeh berjuang kanggo gegayuhan.

Dheweke kabeh sinau karo giyat.

Mbangun masa depan kang cerah.

Karo kanca-kanca kang setia,

dheweke kabeh berbagi lan berjuang bareng.

Masa SMA, masa kang endah,

mbentuk jiwa lan karakter kang kuwat.

Jasmine shiva falisha/15
Generasi Cerdas

ningkatake pendhidhikan gae generasi,nambah kinerja

wani njupuk roh kobong

ngowahi nasibe bangsa

nggayuh impen iku kudu

nalika sampeyan entuk kunci sukses senajan akeh alangan terus kejar impen mau siji-siji Wektu demi wektu dioyak nggugah para mudha kanggo nggayuh cita-citane

Jasmine shiva falisha/15
Generasi Cerdas

ningkatake pendhidhikan sabisa-bisa generasi kelangan, nambah kinerja wani njupuk roh kobong

ngowahi nasibe bangsa

nggayuh impen iku kudu

nalika sampeyan entuk kunci sukses senajan akeh alangan terus kejar impen mau siji-siji Wektu demi wektu dioyak nggugah para mudha kanggo nggayuh cita-citane

Nesya ayu azalia (25)
Endahe alam

Yen nguasno alam Iki

Tansah nggugah semangat urip kanggo jiwa

Yen nguasno wit witan ijo royo royo

Ati susah ,dadi sumringah

Pikiran susah, tansah padhang

Puji syukur

Marang Gusti Allah

Sampun maringgi kaendahan isi bumi

Sing kudu terus dijaga

Tanpa ngilangke keindahane

Dinda Meilina Rahmawati 8 / XI - H
Bulan nampi sinar purnama ing wengi,

Ngrembaka ngrembaki langit kang peteng,

Semburat cahya ngerembaka mripatku,

Ngundang rasa kang sumringah ing ati.

Banyu kali bening kinenyem alon-alon,

Peksi-pesik mbok ayu ngingukake asmoro,

Rerengganing mangsa sepi nglegena,

Manjing rinengga ing ati kang bisu.

Dalan urip tansah mulur lan mungkur,

Tanpa ewuh nggayuh bebrayan luhur

Vivian Aulia Amanda (32)
Ngentosi Panjenengan...

Kula njagi ati menika

Namung kangge panjenengan mas...

Ingkang tansah ndedongaken kula Supados badan menika piniji dening Gusti Allah

Sampun kedah sumelang

Kula wonten ngriki ngentosi panjenengan

Awak lan penggalih menika tansah nampi panjenengan

Awak lan penggalih menika kepengin enggal dados siji kaliyan panjenengan

Kalihan takdir Gusti Allah

Kita mesthi dados siji ing salawas-lawase

Pepiling Para Mudha
Elinga para mudha bab tata krama,

Ngajeni marang wong tuwa,

Kaya-kaya padha nglali,

Prakara kang wigati lan diugemi,

Amung nengenake teknologi, ora diimbangi karo luhure tradhisi,

Gunakake majune jaman kanthi premati,

Ngoyak gegayuhan kairing dongane wong tuwa,

Bakal luwih becik tinimbang amung nuju marang donya,

Sesarengan dadikake pepiling,

Mugya apa kang dipengenake bisa kadukung dening Gusti.

Zahrah Najwa Sarahah

34/XI-H

Syiantika I. H. (31)
GLOBALISASI KANG NGGERUS GENERASI

Sejatine ing zaman globalisasi kayata saiki

Ditambahi teknologi kang mlayu maju

Informasi muncul segampang mbalikake dlamakan tangan

Generasi kang dipeksa melu mblayu ngancani teknologi

Kang dituntut nduweni karya apik

Tanpa nyawang proses kang ditindakake

Kang dituntut gagasan anyar e

Tanpa nduweni peran ing karya

Kang dituntut bisa adaptasi

Tanpa weruh akeh impen - impen kang dibendung supaya bisa urip

Laura Wahyu Meida Safitri/20 (Kelas : Xl-H)
pahlawan

pahlawan minangka dalan kanggo kamardikan
kamenangan
kamardikan
kaadilan
entuk amarga semangate
nyawiji
ngimpi
perang nganti mati
padha nerusake
tanpa mangu-mangu

pahlawan sing gelem kelangan nyawane
kulawarga adoh
kelakon
njaga
nyoba kanggo urip kabeh
ora peduli karo awakmu
ana apa
nalika bebarengan
manawa padha bisa
kanggo Indonesia ana

Zibi amelia_35
Bab Manungsa

Jalma kuwi ojo dideleng saka rupo

Nanging saka ati lan tatakrama

Tresna kuwi dudu agawe dakon

Nanging kabecikan kuwi kang kudu kelakon

Rupo lan rogo kuwi mung bungkus

Ati lan nurani niku sakjroning pribadi

Nalika rasa panas mlebu ati

Panas e murup ngobong bumi lan isine

Watuk iso ditambahi nanging watak tekan mati

lapangno dodo sejembar segoro,kanggo ngadepi sifat menungsa