My radiant padlet by

Fidela dan Gadis XI IPS 4
-Unsur-unsur intrinsik Drama-
1. Tema :  yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
2. Alur utawa plot : yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir.
3. Setting utawa latar : Yaiku papan panggonan kanggo main drama, wektu dumadine kadadeyan, lan kahanan kang dicritakake jroning pagelaran drama.
4. Paraga lan wewatekan : Yaiku para paraga sing main jroning drama
5. Koda :  yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton

-Ngudharake Unsur Ing drama Melati Lan Nyambik-
1. Tema : kasmaran
2. Alur : maju
3. Latar : (suasana) greget, sedih
4. Paraga : melati, gading putih, gading kuning , kenanga , nyambik, ibuk, bapak camat lan jaka rahmat
5. Koda : aja nyawang uwong samerta-merta saka rupane lan aja seneng ngeremehno uwong

Naskah Fidela & Gadis
DESA JEJERUK

desa jejeruk kuwi panggonane cedhak karo desa bonang kec lasem kab rembang. ing panggonan kuwi sawijining sultan saka minangkabau sing dadi murid e sunan bonang di makamake asal mulane kaya mangkene. sultan mahmud iku raja saka minangkabau sing ana ing pulang sumatra. panguripan rakyat e aman lan tumata tanpa beda apa-apa. miturut cerita sultan mahmud duweni kitab tinggalane bapak e. kitab kuwi isine ajaran bab urip ing donya lan akherat. Nanging sultan mahmud tansah mboten saged mangerteni maksud lan isi saka kitab iku. Saben dheweke takon marang wong-wong pinter sing dianggep bisa, ora ana asie. Kabeh wangsulan sing ditampa ora bisa gawe lego atine.

sawijining dina, patih kasultanan minangkabau krungu pawarta bab ajaran lan kasektene Sunan Bonang. Saeba bungahe sang patih krungu pawarta mau sebab sawise di enteni seprana seprene, akhire kesusahane Sultan Mahmud ketemu uga. Patih nuli ngaturake pawarta kasebut marang Sultan Mahmud.

Patih : “ Sultang, nyuwun palilahipun, kawula badhe ngaturaken prakawis pawarta endah kunjuk dhumateng sultan”

Sultan Mahmud : “ Pawarta apa sing arep kokaturake, Patih”

Patih : “kala wingi nalika mlampa-mlampa,kawula mireng pawarto sangking tiang-tiang engkang nembe wangsul sangking tanah janah. tiang-ting kala wau mariyo saken priyatun ingkang asma sunan bonang. piyambak ingpun punika latip sanget lan kagungan kawruh ingkang katha prakawis tiang gesan. piambak ingpun ugih nuntun parawarga kados pundi caranepun ngelampahi gesang ingkang mboten nerak wewaler lan migunaning”

Sultan Mahmud : “apa bener kuwi? sapa satenane sunan bonang kuwi patih?”

patih : “leres, sultan. sunan bonang punika ingkang nyebaraken agama islam ing tanh jawa. menawi sultan mboten kaweratan, kawula sagah nderek aken panjengen rindak merika saperlu mbukteaken kuatos punika”

Sultan Mahmud : " Ya wis, Patih, panemumu padha karo sing lagi dakpikirake. Aku uga kepengin nggolek wangsulan sakabehing pitakonku bab isine kitab iki. "

Sultan Mahmud lan adhahane banjur cepak- cepak samubarang kanggo lelayar menyang Tanah Jawa.Lelayaran saka pulau Sumatera menyang Pulau Jawa banget adohe. Maune lakune kapal lancar banget. Ujug-Ujug angin tumiyep kenceng. Segarane dumadakan kaya suwala. Kapal gedhe kuwi kaya barang cilik ing tengah segara. Segarane sing maune alus dumadakan dadi awut-awutan.

Sultan Mahmud : " Ana apa iki Patih? Kena apa ujug-ujug ana angin sing gedhe banget kaya ngene? "

Patih : " kawula boten mangertos, Sultan. Mugi-mugi punika namung owah-owahan mangsa kemawon, mugi-mugi boten ngalangi lampah lelayaran kita."

Sultan Mahmud : " Panyuwunku uga kaya mangkono."

Sauntara wektu kuwi, kapal terus oleng, miring ngiwa, miring nengen, kaya ngunu terus. Nalika kapal miring ana barang- barang sing tiba ing segara. Emane, salah sijining barang sing tiba mau kitabe Sultan Mahmud.

Kedadeyan kuwi njalari Sultan Mahmud dadi sungkawa amarga kitab kuwi tinggalane suwargi bapake. Dheweke ora duwe karep maneh kanggo nerusake laku.  Sultan Mahmud getung banget.

Sultan Mahmud : " Paman patih, rasa- rasane ora ana gunane maneh awake dhewe mbancutake laku. Luwih becik awake dhewe bali ing Minangkabau saiki uga.".

Patih : " Kengin punapa, Sultan? Punapa Sultan sampun boten kepingin madosi wangsulan saking pitakenan panjenengan?"

Sultan Mahmud : " Kitab kuwi wis ilang kecemplung ing segara. Kabeh sing pingin dakmangerteni ana ing kitab mau. Banjur piye caraku bisa nemokake wangsulane?

Patih : " Sultan, punapa boten langkung muspra menawi kita wangsul tanpa wonten asikipun sakedhik-kedhika?"

Sultan Mahmud :" Nanging, bakal kepriye wong kang aran Sunan Bonang kuwi bisa mangsuli pitakonku yen kitabe ora ana? Wong-wong pinter sing wis maca kitabki wae ora bisa opo maneh sing durung tau maca."

Patih : " Nyuwun pangapunten, Sultan, kula pitados menawi wonten karuwetan mesthi wonten cara kangge ngudhari. Semanten ugi pitakenan mesthi ugi wonten wangsulanipun. Kita ingkang kedhah ngupaya. Saged ugi punika sampun kersanipun ingkang Maha Kuwaos, dados langkung sae menawi Sultan nglajengaken lampah

Sultan Mahmud sadar sing dikandhakake patihe ana benere. Akhire Sultan Mahmud tetep ngelanjutake perjalanane.  Sawijining dina, Sultan Mahmud lan pandhereke teka ing Tanah Jawa. Atine padha bungah. Sakwise pirang-pirang minggu ana ing tengah segara.  Ana sing surak-surak malag ana sing uga nembang.

Sultan Mahmud age-age golek panggon kanggo solat. Nanging dheweke ora ngerti arahe kiblat.  Ora ana siji-sijiya pawongan sing katon ing gisik kono. Ing kahanan bingung kuwi, Sultan Mahmud njupuk teken kayu nuli ditancepake ing perenganing gumuk. Kedadeyan kuwi sing dadi asal muasale anjer utawa walesan ing papan pasujudan Sunan Bonang. Nganti saiki teken mau isih ana ing kana.

Sawise solat banjur nerusake laku. Ngelewati dalanan, mbrobos wit-wit sing rungkud nganthi pungkasane kepethuk pomahan warga. Wong-wong padha bungah lan kebak guyu. Saknalika para warga padha mangayubagya rombongan mau . Para warga kaya kena sihir awit kabungahane wong-wong kuwi. Ora ana sing padha wani ngajak omong. Mung padha nggrombol bisik-bisik marang kancane.

Warga enom : " Sapa mae, Pak Wa?"

Warga tuwa : "Katone kaya wong manca. Saka panganggone, mesthi asale dudu saka tanah Jawa."

Warga liya 1 : " Banjur saka ngendi? Panganggone katon sarwa edi peni."

Warga liya 2 : " Ora ngerti, kayane saka tanah Melayu"

Warga liya 3 : " sing ngadeg kae, wong kang nganggo klambi paling apik mesthi kuwi pemimpine."

Warga tuwa : " Bener kowe! Wong kuwi ora katon kaya salumrahe. Tindak tanduke katon mengku wibawa kaya sentananing praja. Polatane sumunar. Kabeh wong padha manut lan miturut marang dheweke. Ora kleru meneh wong kuwi pancen raja!"

Ujug-ujug patihe Sultan Mahmud nyedhaki wong tuwa kuwi.

Patih : " Sepurane, Pak Tuwa. Sultanku, aku, lan wong-wong kae rombongan saka kraton Minangkabau. Lagi wae ndharat lan ora duwe karep nanggu para warga ing kene. Suktan kuwi kepengin ketemu karo piyayi pinter lan lantip. Apa kisana bisa nulung?

Warga tuwa : " Panjenengan punika sinten?"

Patih : " aku pelatihing keraton Minangkabau, priyayi sing lagi lenggah ing dhuwur watu kae Sultanku sing jejuluk Sultan Mahmud."

Warga tuwa : " Menawi kula kepareng mangertosi, sinten piyantun ingkang badhe panjenengan panggihi, ngantos Panjenengan tebih-tebih lelayar saking Minangkabau?"

Patih : " Piyayi mau arane Sunan Bonang. Jenenge arum nganti tekan negara Minangkabau."

Warga tuwa : " O, Sunan Bonang, sedaya warga mriki ngertos priyantunipun. Menawi makaten, mangga kula dherekaken tindhak wonten ing panggenanipun Sunan Bonang."

Patih : " Matur Nuwun, kisanak"

Pungkasane Sultan Mahmud lan rombongan kasil nemoni Sunan Bonang. Sultan Mahmud nuli crita mula bukane dheweke kepengin ngadhep Sunan Bonang. Wiwit saka kitab tinggalane bapake, susah atine merga ora ngerti isine, nganti ilange kitab kuwi ing tengaj segara.

Sunan Bonang : " Sabar, Sultan. Allah mesthi duwe cara ngatonake kuwasa-Ne. Kabeh kedadeyan inv dunya kuwi merga saka kersane Allah. Awake dhewe ora bisa nglawan."

Sultan Mahmud : " Kathah sanget pitakenan ingkang kepemgin kula suwunaken pirsa prekawis kitab punika, Kanjeng Sunan. Nanging, sakpunika sampun mboten wonten malih. "

Sunan Bonang : " Lerema sedhela" ( mesem kanthi wicaksana)

Ujug-ujug Sunan Bonang ngetokake sawijining kitab saka walik jubahe. Sultan Mahmud kaya- kaya wis tau weruh kitab kuwi. Nanging Sultan Mahmud isih durung nyana. Dheweke isih mangu-mangum. Barang kuwi diwaspadhake kanthi tliti. Tulisan ing samak kitab e wes raket ing njero sirahe. Sanalika uga dheweke kaget. Ngundur nganti pirang-pirang jangkah. Kitab sing ana tangane Sunan Bonang kuwi jebule duweke! Rasane kaya ora percoyo mripate diusap bola-bali. Piye larah-larahe kedadeyan iki? Sapa sejatine wong kang ana ngarepe kuwi? Kaya mangkono pikirane Sultan Mahmud kabek pitakonan.

Sunan Bonang : " Apa iki kitab sing kokarepake?"

tanpa ngomong apa-apa, sultan mahmud nuli nyopot klambine sing apik lan edhi peni. dheweke arep sungkem ing sikile sunan bonang. kedadeyan kuwi jalari sultan dadi gumun.

Sunan Bonang : “ wurungna karepmu, sultan, aku uga manungsa kaya sliramu. kabeh kuwi amarga kersane ALLAH SWT. sultan pancen ditakdirake ketemu karo aku.”

Sultan Mahmud : “ matur nuwun sanget, amargi sunan saged manggihaken kitab kula”

Sunan Bonang : “wis, ora usah didawa-dawakake. iki mung kebeneren wae”

Sultan Mahmud : “sasampunipun kula mirengaken piwulang panjenengan, kula nembe mengertos menawi kula taksih bodho babagan ilmu agami. pramila, kula nyuwun idi palilah supados saged sinau ing mriki lan dados santrinipun kanjeng sunan”

Sunan Bonang : “yen kaya ngno karepmu, wiwit saiki sliramu dadi santriku. matura panuwun lan syukur marang Allah Swt. mula saka kuwi, tinggalen gumebyaring donyamu. ing ngarepe Allah swt manungsa kabeh padha. mung amal ngibadah lan amal kebacikan sing banjur mbedakake. ing kene sliramu padha karo murid liyane. sliramu uga duwe jejibahan lan kuwajiban sing padha. sliramu ora bakal ngrasakake urip dadi raja ing kene. ora ana sing bisa kok perintah ana kene. kabeh kudu kok lakoni dewe, apa sliramu suguh?

Sultan Mahmud :” insyaallah kula sagah. menawi kula kedah nyerahkake jiwa lan raga kangge sinau ing margining Allah, kula ing sumadya, sunan.”

sunan bonang nuli ngrangkul sultan mahmud. kahanane dadi nrenyuhake.

banjur sang patih diutus bali kanggo ngadhaake amanat marang adhine sultan mahmud supaya dadi sultan ing minangkabau. sultan mahmud uga kirim pesan kanggo garwane apa tetep kepingin urip ingi keraton utawa sinau ilmu agama karo ndampingi sultan