finda dan naily by Finda Novi Dwiyanti

unsur-unsur intrinsik drama
tema : gagasan cerita
alur : lelakune cerita ing teks drama
latar : dasare cerita, kayata latar suasana, latar papan, lan latar wayah
paraga : sapa wae kang main ing panggung
koda : apa wae kang bisa disanauni saka ceritane

identifikasi unsur ing teks drama
• tema : kasmaran
• alur : maju
• latar :
suasana : sedhih, mangkeli lan bungahkake
wayah : awan
papan : alas, omah pak camat, omah nyambik, lapangan
• paraga :
1. ibu
2. nyambik
3. jaka rahmat
4. kenanga
5. gading kuning
6. gading putih
7. melathi
8. pak camat
• koda :
> aja seneng nilai wong saka penampilan wae
> kudu manut marang wong tuwa
> kudu bisa njaga pakurmatan wong tuwa

Jaka Tarub
Sawijining desa ana sadengah wong randha sing arane Mbok Randha Tarub. Dheweke duweni anak kang diarani Jaka Tarub. Jaka Tarub kuwi bocah sing seneng tetulung, saben dino gawe ane ngerewangi mbok randha tetanem ing tegalan. Praupane nyengsemake tindak tanduke ya becik. Nanging, sawise ditinggal Mbok Randha, Jaka Tarub dadi aras-arasen nyambut gawe. Dheweke duweni kesenangan anyar yaiku bebedhag kewan ing alas. Ing sawijining dina Jaka Tarub mangkat bebedhag kidal ing gunung keramat sing nduweni telaga. Telaga kuwi sok diengguh ados dening widadari saka kayangan. Nalika lagi ngasuh ing sangisore wit-witan Jaka Tarub krungu remeng-remeng suara geguyonan para widodari. Jaka Tarub banjur ndeleng lan kepincut karo kaendhahan para widodari kasebut. Jaka Tarub banjur jupuk selendange salah sawijining widodari kasebut.

Jaka Tarub : "Wahhh, ayu-ayune. Selendange yo wangi. Iki yen tak jupuk, mesti bakal ora bisa bali menyang kayangan" (ndelik menyang mburi wit-witan)
Widodari 6 : "Banyune seger banget. Aku malih betah."
Widodari 5 : "Bener."
Widodari 2 : "Iyo seger, nanging saiki wis sore, kita kudu ndang bali menyang kayangan."
Widodari 5: "Bener."
Para pitu widodari kasebut padha mentas, banjur ngawe selendange dhewe-dhewe. Nanging, ana siji widodari sing kebingungan.
Widodari 1 : "Wulan, ana apa? Ayo ndang diengguh selendange amarga wis sore, awake dewe kabeh kudu ndang bali menyang kayangan."
Nawangwulan: "Nyuwun pangapunten kakangmbok, selendang ku ora ana."
Widodari 2 : "Lohh, kok isa?." (kaget)
Nawangwulan : "Kula pisan mboten semerap kakangmbok."
Widodari 1 : "Wis, ayo padha ngerewangi nggolek."
Widodari layane padha ribut nggoleke selendange sing ilang. Nanging pungkasane padha pasrah amarga ora ketemu.
Widodari 3 : "Aduhh, ana ning ngendi ta ya selendange wulan iki?."
Widodari 4 : "Iya, kok ora ketemu-ketemu. Aku banjur nggoleki ning alas, yo tetep ora ketemu."
Widodari 5 : "Bener."
Widodari 2 : "Apa maneh iki wis kate peteng, rama mesti wis nggoleki."
Widodari 5 : "Bener."
Widodari 6 : "Iki yen sampe peteng kita ora ndang bali, kita padha ora bisa melbu kayangan malih yo?."
Widodari 5 : "Bener."
Widodari 4 : "Opotoh sampeyan iku, mulai kala wau 'bener, bener' mawon."
Widodari 5 : "Suka-suka hati ku."
Widodari 1 : "Wis wiss. Nimas Nawangwulan, sepurane aku lan liyane ora bisa nunggoni kowe suwe suwe ya, iki wis peteng lan kita kabeh kudhu ndang cepet balih menyang kayangan. Mbok menawa pancen wis nasib mu kudu keri ana ing kene, kuatno ati mu yo."
Nawangwulan : "Inggih kakangmbok, mboten punapa-punapa. Kulo ditinggal mawon." (sedhih, nanging dikuat-kuatno"
Widodari 2 : "Kita kabeh njaluk sepura yo wul. Sing sabar."
Nawangwulan : "Inggih mbak, mboten punapa-punapa"
Widodari 2 : "Yowis, kita balik dhisik ya wul"
Nawangwulan : "Inggih mbak, ati-ati. titip salam kanggeh rama"

Sakbanjure widodari-widodari mau mabur menyang kayangan, Nimas Nawangwulan nangis sesenggukan ngrasakake nasibe. Rumangsa ora ana sapa-sapa, Jaka Tarub wani metu saka pandhelikane. Ndeleng dedeg-piadege Jaka Tarub, Dewi Nawangwulan banjur kaget lan keweden.

Nawangwulan : "Panjenengan sinten?" (swarane nderedeg)
Jaka Tarub : "Ora usah wedi, jenengku Jaka Tarub. Omahku ora adoh saka tlaga kene. Aku ana alas iki gae bebedhag kidang. Sapa jenengmu? Kena apa kok ana ing papan kene?"
Nawangwulan : "Jenengku Dewi Nawangwulan. Mau aku adus neng tlaga iki, nanging selendangku ilang, wusuna aku banjur ora bisa bali menyang kayangan."
Jaka Tarub : "Oalah ngono ta. Ayo padha digoleki bareng-bareng selendangmu" (ethok-ethok bingung lan nggoleki selendange Nawangwulan)
Jaka Tarub : "Sepurane, aku uga ora bisa nemokake selendangmu. Mbok menawa kabur kagawa angin embuh tekan endi."
Nawangwulan : "Sangsara tenan nasibku, apa aku pancen kudu mapan ing bumi? Banjur aku kudu mapan ana ngendi? Aku ora ngerteni papan sakiwa tengen kene." (sinambi nangis)
Jaka Tarub : "Omahku ora adoh saka tlaga kene, sanajan elek, nanging isih kena kanggo ngeyup saka panase srengenge lan tetesing udan."

Gandheng wis ora ana pilihan maneh, Nawangwulan banjur gelem diajak mara ana ing omahe Jaka Tarub. Gancaring carita, Jaka Tarub lan Nawangwulan banjur padha omah-omah lan kaparingan putra ayu, kan diparingi tetenger Dewi Nawangsih. Ing sawijining dina, Nawangwulan meling marang Jaka Tarub.

Nawangwulan : "Kakang, kula nembe adang sekul, nyuwung tulung nggih geninipun ampun ngantos pejah. Kula badhe dhateng tegalan pados janganan. Lan panjenengan ampun ngantos mbikak tutup kukusan punika!"

Jaka Tarub kepengin mangerteni geneya garwane meling kaya mengkono. Dheweke banjur nerak piwelinge bojone kanthi bukak tutup kukusan.
Jaka Tarub : "Mulane beras ning lumbung ora tau entek, jebul bojoku kuwi bisa dadekake sak las beras dadi sak wakul sega."

Sak baline saka tegalan, Nawangwulan gage-gage mbukak tutup kukusan, nanging kaget amarga beras sing sak las mau isih jero kukusan. Dheweke ngerti yen kuwi kerjanane bojone sing mbukak tutup kukusan saaengga kesaktenane Nawangwulan mau banjur ilang. Bareng berase wis entek, Nawangwulan lunga menyang lumbung, nangis dikageti karo barang sing ditemokake.

Nawangwulan : "Loh?! Iki kan selendangku sing biyen dienggo mabur menyang kayangan? Kok iso ning kene ta?" (banjur melbu lan nemoni bojone)
Nawangwulan : "Kakang, kula kedah wangsul dhateng kayangan!"
Jaka Tarub : "Loh kok tetiba? Ana apa iki? Kakang ana salah apa?"
Nawangwulan : "Wis! Mboten perlu nuputi malih. Kula sampun mangerteni yen kakang sing nyolong selendang kula." (Jaka Tarub meneng wae)
Nawangwulan : "Kula kedah wangsul dhateng kayangan. Kula titip Nawangsih. Kula nyuwun dipun damelaken gubug wonten ing tengah sabin lan mangke Nawangsih dipuntilar kemawon wonten ing gubug wau. Kula badhe dhateng saben dalu kangge nyusoni, lan menawi sampun rampung mangke lajeng kabekta wangsul malih dhateng griya"
Jaka Tarub : "Inggih, Kakang ngaku, Kakang salah. Kakang nyuwun pangapunten marang sampeyan. Nanging, sampeyan ora iso ta, ning kene mawon? Mboten usah bali menyang kayangan."
Nawangwulan : "Mbonten bisa Kang, pangapunten. Kula wis ora gelem dipenggak malih. Kakang sampun ngantos nyaketi kula malih."

Nawangwulan sing nduweni krenteg kudu bali menyang kayangan, banjur ora iso dicegah karo Jaka Tarub sing wis pasrah. Sakpungkuring bojone, Jaka Tarub banjur malah dadi panutane wong desa kana kanthi sebutan Ki Ajeng Tarub.