Naura refadila (21),Prira Aura (24) by Prira Aura Rizka Sumantri

Pengertian unsur intrinsik
1.  Tema yaiku dhasar Utawa lelandesan  bakuning gagasan crita.
2. Alur yaiku reroncening kedadeyan kang dumadi sajroning crita. Alur crita kaperang dadi 3, yaiku alur maju, mundhur, lan campur.
3. Paraga (tokoh) yaiku paraga kang ana sjroning crita. Paraga iku ana seng watak e becik (protagonis) Lan seng watak e ala/jahat (antagonis)
4. Latar yaiku katrangan meneni panggonan,wayah,Lan kahanan kang ana sajroning crita.
5. Amanat/Koda yaiku pesen kang diandarake dening pangripto marang para pamaos.

Unsur ing crita Melati&Nyambik
1. Tema : kasmara, perjodohan
2. Alur : Maju
3. Latar : Panggonan (omahe nyambik lan pak camat, lapangan), wayah ( isuk/sore), kahanan (seneng)
4. Paraga : ibu, nyambik, Jaka Rahmat, kenanga, gadhing kuning, gadhing putih, Melathi, pak camat.
5. Koda : Aja nilai wong saka fisik e.

Candi Rara Jonggrang
Sawijining dina, raja pengging pingin nggedheake tlatahe tekan laladan negara Prambanan. Raja penging banjur mrentahake Bondowoso Lan prajurite kanggo nyerang Prambanan.
Raja : "Hai Bondowoso! Siyagakno prajuritmu kanggo nyerang Prambanan."
Bondowoso: "Nun inggih Gusti! Sendika Dhawuh."
Amergi Bondowoso sekti, de e menang saka paprangan.
Raja : "Bandung Bondowoso minangka bales budiku marang kridha mu ngalahake prabu baka, aku merentahake sliramu supaya ngurus kraton Prambanan lan sak isine, kelebu kaluargane prabu Baka."
Bondowoso: "Matur nuwun, Gusti! Kawula badhe ngestokaken dhawuh, gusti."
Nalika dheweke mlaku-mlaku, Awit nyawang ayune Rara Jonggrang dheweke kesemsem lan duwe niat arep dadekake bojo.
Bondowoso: "Putri Rara Jonggrang! Gelem ora nimas ayu dadi bojoku?."
Rara Jonggrang: " Yauwes Bandung Bondowoso! Daktampa lamaranmu, nanging Kowe kudu ngelakoni syarat seng dhakweneake."
Bondowoso: "Apa syarat e Kuwi?"
Rara Jonggrang: " Gawekna aku Sewu candhi lan rong sumur sing bisa mbok dadekake sewengi wae."
Bengine Bandung Bondowoso ngundang prajurite sing awujud dhedhemit banjur mbangun candhi lan rong sumur kaya panjaluke Rara jonggrang. Nalika arep subuh para wadya bala wis ngrampungake 997 candhi Lan sumur cacahe siji. Rara jonggrang dadi mikir kanthi tenanan.
Dheweke arep nggawe swasana kaya isuk satemah para lelembut iku lungga kan ngendekake gaweane.
Rara jonggrang: " mbok! Tangekna kanca kancamu! Pintahno ngobong damen lan ndepok pari ing lesung,serta nyebar kembang sing wangi ambune."
Mbok Emban: " sendika putri! "
Amarga siasate Rara Jonggrang para wadya balane Bandung Bondowoso banjur mandhekake gaweane lan lungga amarga ngira wis isuk. Bandung Bondowoso kerasa yen Dina Kuwi durung isuk lan apus apusane Rara jonggrang.
Rara Jonggrang: " Bandung Bondowoso,Kowe wis ora bisa nyaguhi apa sing dadi saratku. Kowe ora patut dadi sisihanku. "
Bandung Bondowoso: " Rara Jonggrang! Kowe sing njalari Kabeh dadi ora ana kasile! "
Rara Jonggrang: " Bandung Bondowoso! Trimanen kalahmu iki! "
Bandung Bondowoso: " Ora! Kowe kudu nanggung apa sing dadi panggawemu kang ala iki! Bakal dak sumpahi kowe dadi reca kanggo nggenepake apa sing dadi panjalukmu! "
Tanpa mikir dhawa maneh, Bondowoso ngacungake drijine maranag Rara Jonggrang sinambi maca japa mantra. Amerga kesaktiane Bandung Bondowoso, Rara Jonggrang banjur dadi reca. Candi Rara Jonggrang Kuwi dadi candhi paling gedhe Lan candhi terakhir e Bandung Bondowoso kanggo ngelengkapi Prambanan.