Nama: Adinda Meivyriyan Nadita 03, Shalsabila Zalianty Rumi 26 by Shalsabila Zalianty Rumi

TEMA
bab kang dadi dasarane naska drama uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.

ALUR
Urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir.

LATAR
Latar utawa seting diperangake dadi 3 yaiku:
1. latar waktu, waktu kang digambarake nalika paraga ngalami kedadeyan.
2. latar panggonan, panggonan kang digambarake ing saben babake.
3. latar swasana, swasana kang dirasaake paraga.

PARAGA
yaiku tokoh utawa lakon ing sajroning cerita.

KODA
pesan moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.

MELATI LAN NYAMBIK
Tema :  Kasmaran antara nyambik lan melati
Alur : Alur maju
Latar :
- latar waktu :  -
- latar panggonan : omah e pak camat
- latar swasana : sedih, seneng
Paraga :
1. Ibu
2. Nyambik
3. Jaka Rahmat
4. Kenanga
5. Gading kuning
6. Gading putih
7. Melathi
8. Pak Camat
Koda : Kudu gelem nampa apa anane, ora oleh pilih-pilih lan mandang kurange wong.

JAKA TARUB
Duka nalika semana, ing sawijining desa ana sadengah wong Randha sing arane Mbok Randha Tarub. Mbok Randha Tarub ora kagungan putra. Wiwit garwane seda, dheweke rumangsa kasepen. Mulane dheweke mutusake mupu anak lanang kanggo ngancani. Sawise dewasa, bocah lanang mau diwenehi aran Jaka Tarub.
Sawise gedhe Jaka Tarub dadi nom-noman sing seneng te- tulung. Saben dina gaweyane ngrewangi Mbok Randha tetanen ing tegalan. Saka tetanen ing tegalan iku asile kena kanggo panguripane wong sakloron. Mbok Randha asih banget marang Jaka Tarub lan nganggep kaya anake dhewe.

Ing sawijining dina, Mbok Randha ngendika marang Jaka Tarub.

Mbok Randha : "Jaka Tarub anakku, Simbok ngerti manawa sejatine kowe wis wangun omah-omah lan uga akeh para wanita sing kepengin dadi sisihanmu. Simbok uga wis kepengin momong putu."

Jaka Tarub : "Tarub dereng pengin, Mbok"

Mbok Randha : "Nanging simbok wis tuwa, nek samangsa-mangsa simbok mati, sapa sing arep ngurus awakmu?"

Jaka Tarub : "Inggih sampun ta, Mbok, sakpunika sami dipunlampahi mawon, menawi umur sampun wonten ingkang ngatur, Ingkang baken kita piyambak terus ndedonga supados dipunparingi gesang ingkang panjang"

Jaka Tarub metu saka omah tumuju menyang kebon buri, nanging uga ora nemokake Mbok Randha.

Jaka Tarub : "Neng pawon ora ana, neng kebon buri ora ana, kira-kira neng ngendi ya? Apa, aja-aja isih neng jero kamar?"

Mbok Randha : "Iya, anakku. Simbok wiwit mau ana kamar kene. Simbok jaluk ngapura ya awit ora bisa nyepakake lawuh. Simbok ora kuwat tangi"

Jaka Tarub : "Boten punapa-punapa Mbok, mangke Tarub badhe nyawis- aken piyambak,"

Jaka Tarub kaget banget sawise mangerteni kahanane Mbok Randha.
Jaka Tarub : "Badanipun Simbok benter sanget, dipuntengga seke- dhap nggih Mbok. Tarub badhe mendhet ron dhadhap serep wonten ing kebon wingking kangge ngleremaken bentere Sim- bok,"

Mbok Randha : "Iya Tarub, kana gek ndang njupuka, Simbok wis ora betah,"

Kanyatan Allah SWT wis nimbali Mbok Randha luwih dhisik. Satekane ing omah Jaka tarub nemoni Mbok Randha wis kapundhut dening Kang Kuasa.

Sawise ditinggal Mbok Randha, Jaka Tarub dadi aras-arasen nyambut gawe. Miturut pamikire wis ora ana gunane maneh dheweke kangelan nyambut gawe amarga rumangsa ora ana sing diopeni kajaba awakke dhewe.

Saiki Jaka Tarub nduweni kasenengan anyar, yaiku bebedhag kewan neng alas. Nuju sawijining dina Jaka Tarub mangkat bebedhag. Dheweke kepingin bebedhag kidang amarga bengine dheweke ngimpi mangan daging kidang. Jaka Tarub banjur lunga bedhag neng tlatah Gunung Keramat. Ing Gunung Keramat ana sawenehing tlaga. Tlaga kuwi sok dienggo adus dening widodari. Widodari iku asale saka kayangan.

Nalika lagi ngaso ing sangisoring wit-witan, sacedhaking tlaga, Jaka Tarub krungu remeng-remeng swara geguyonan para widodari. Jaka Tarub deleng saka samburine gegrumbulan lan kapincut karo kaendhahan rupane para widodari iku. Kadereng dening rasa kapincute, Jaka Tarub jupuk slendhange salah siji.

Nawang sari : "Nimas Nawang- wulan, aku ora bisa nunggoni kowe suwe suwe ya, iki wis peteng, menawa pancen wis nasibmu kudu keri ana ing kene. Kuwatna atimu ya."

Nawang Wulan nangis sesenggukan ngrasakake nasibe.
Gandheng wis ora ana sapa-sapa maneh, Jaka Tarub wani metu saka pandhelikane, yaiku saka sawalike gegrumbulan. Ndeleng dedeg-pladege Jaka Tarub, Dewi Nawangwulan banjur kaweden.

Nawang Wulan : "Panjenengan sinten?"

Jaka Tarub : "Ora usah wedi, jenengku Jaka Tarub, aku ana alas iki bebedhag kidang. Sapa jenengmu? Kena apa kok ana ing papan kene?"

Nawang Wulan : "Jenengku Dewi Nawangwulan. Mau aku adus neng tlaga iki, nanging slendhangku ilang, wusana aku banjur ora bisa bali.

Jaka Tarub banjur mratelakake, menawa slendhange Na-
wang wulan ora bisa ditemokake, mbok menawa kabur kagawa angin embuh tekan endi

Jaka Tarub : "Omahku ora adoh saka tlaga kene, sanajan elek, nanging isih kena kanggo ngeyup.

Gandheng wis ora ana pilihan maneh, Nawangwulan banjur gelem dijak mara ana ing omahe Jaka Tarub. Sawise sauntara wektu manggon ing omahe Jaka tarub, gancaring carita, Jaka Tarub lan Nawangwulan banjur padha omah-omah lan kaparingan putra ayu, kang diparingi tetenger Dewi Nawangsih.

Nawang Wulan : "Kakang, kula nembe adang sekul, nyuwung tulung nggih geninipun ampun ngantos pejah. Kula badhe dhateng tegalan pados janganan. Lan panjenengan ampun ngantos mbikak tutup kukusan punika!"

Sapungkure Nawangwulan, Jaka Tarub kepengin mangerteni geneya garwane meling kaya mangkono. Dheweke banjur nerak piwelinge bojone kanthi bukak tutup kukusan. Bareng dibukak, sajroning kukusan mung ana sak las beras.

Jaka Tarub: "Mulane beras ning lumbung ora tau entek, jebul bojoku kuwi bisa dadekake sak las beras dadi sak wakul sega,"

Nawangwulan gage-gage mbukak tutup kukusan. Nanging dheweke kaget, amarga beras sing mung sak las mau isih wutuh ing jero kukusan. Deweke ngerti yen bojone wis mbukak tutup kukusan, mulane kasektene ya banjur ilang. Wiwit saka kadadeyan iku mau, saiki manawa adang sega ya padha karo wong umum, mulane beras ing lumbung ya cepet entek. Bareng berase wis entek, Nawangwulan lunga menyang lumbung arep jupuk beras, nanging dheweke kaget banget, nalika weruh slendhange sing biyen dienggo mabur menyang kayangan. Nawangwulan banjur nesu-nesu, bareng ngonangi dene bojone dhewe sing wis ana nyolong slendhange.

Nawangwulan banjur duweni krenteg kudu bali menyang kayangan, lan bakal teka neng bumi mung saperlu nyusoni Nawangsih. Jaka Tarub isih jaluk supaya Nawangwulan ora prelu bali menyang kayangan. Nanging, Nawangwulan wis ora gelem dipenggak maneh.

Sapungkuring bojone, Jaka Tarub banjur malah dadi panutane wong desa kana kanthi sebutan Ki Ageng Tarub. Desane mau banjur diwenehi tetenger Desa Tarub.

Ki Ageng Tarub banjur tetepungan lan kekancan karo Prabu Brawijaya, Raja Majapahit. Ing sawijining dina, Prabu Brawijaya maringi keris pusaka Kyai Mahesa Nular supaya dirumati denging Ki Ageng Tarub.

Prabu Brawijaya : "Iki keris saka aku, rumaten"

Utusaning Prabu Brawijaya sing maringake keris mau je- nenge Ki Buyut Masahar lan Bondan Kejawan, putra angkate. Ki Ageng Tarub sakjane wis mangerteni yen satemene Bondan Kejawan iku putrane Prabu Brawijaya. Mula Bondan Kejawan banjur dijaluk supaya gelem manggon Ing Desa Tarub. Wiwit wektu iku Bondan Kejawan dipek dadi anak.

Ki Ageng Tarub, lan jenenge diganti dadi Lembu Peteng. Nalika Nawangsih dewasa, saklorone banjur dijodhokake. Sawise Ki Ageng Tarub seda, Lembu Peteng ganteni ka- lenggahane Ki Ageng Tarub. Nawangsih kagungan putra, kang bareng ngancik dewasa kaparingan asma Ki Getas Pandawa. Ki Getas Pandawa banjur kagungan putra, kang kaparingan gelar Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela iku minangka cikal bakal kakek buyute Panembahan Senopati, sing ngadegake Kasultanan Mataram.