biulva by Ayunda Putriaullia

tema yaiku dhasar/lelandhesan bakuning gagasan crita

latar yaiku katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning crita

paraga yaiku tokoh kang ana sajroning crita, paraga ana sing watake becik (protagonis) lan watak jahat (antagonis)

alur yaiku reroncening kadadeyan kang dumadi saka sajroning crita, alur kaperang dadi 3 yaiku alur maju, mundur, lan campuran

koda yaiku amanat utawa pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos

•Tema: Percintaan
•Latar: omah pak Camat, lapangan
•Paraga: Ibu, Nyambik, Jaka Rahmat, Kenanga, Gading kuning, Gading putih, Melathi, Pak Camat
•Alur: alur maju
•Koda: Ojo nilai uwong saka rupane wae, ketulusan

✧DEWI LANJAR✧
Duk nalika semana, ing sawijining papan peranganing pesisir lor Jawa Tengah ana wanita sing ayu banget, nganti saiki rupane sing ayu mau isih dadi kembang lambene wong-wong ing tlatah kana. Wanita mau jenenge Dewi Rara Kuning. Dene papan panggonane ora ana sing padha ngerti.
Dewi Rara Kuning saiki sering disebut Dewi Lanjar, amarga dene pisah karo garwane lan durung diparingi momongan.

•Dewi Lanjar: "Duh ngene iki aku isih kelingan bojoku terus, aku kudu ngaleh tekan panggonan iki ben ra kelingan bojoku terus."

Ing sadalan-dalan Dewi Lanjar tansah netesake luh.

•Dewi Lanjar: "Sampe kapan aku bakal koyo ngene terus, nelangsa terus amarga kelingan bojoku. Iki ora apik yen aku ngene terus."

•Dewi Lanjar: "Loh sapa kae sing tapa ing kali, tak parani wae lah."
•Dewi Lanjar: "Pangapunten, panjenengan sinteng nggih?"
Mahapatih Singaranu: "Aku Mahapatih Singaranu, sapa sliramu lan ngapa ijen tekan kene? Langka banget ana wanita lunga ijen ing Kali Opak iki."
•Dewi Lanjar: "Nyuwun pangapunten, mbok bilih anggen kaeula lumampah ngreridhu anggen Sinuwun kekalih tapa. Nami kula Dewi Lanjar, asal kula saking tlatah pesisir ler Jawi."
•Mahapatih Singaranu: "Dewi Lanjar? Dadi sliramu kuwi randha kang ditinggal mati bojomu?"
•Dewi Lanjar: "Inggih Sinuwun, semah kawula tilar donya boten dangu sesampunipun kawula kekalih sesemahan. Dados, kawula dereng kaparingan momongan. Wekdal punika kawula gesang piyambakan, saengga kawula mutusaken ngulandara kangge nglalekaken rasa duhkitaning manah lan pungkasanipun kaeula dumugi wonten ing lepen punika. Kula ugi mboten purun gadha garwa rumiyin."
•Mahapatih Singa: "Nelangsa temen nasibmu, sliramu isih enom, isih akeh kang bisa kotandangi."
•Panembahan Senopati: "Becike terusna lakumu, terus mlakua mengidul lan tapaha ing pesisir segara kidul, ngadhepa marang Ratu Kidul."
•Dewi Lanjar: "Inggih sendika Sinuwun, kula badhe nglajengaken lampah. Nyuwun padonganipun mugi-mugi lumampah kula lancar lan dumugi papan kang pinuju manggih kaslametan."
•Panembah Senopati: "Ya, mugi-mugi lakumu lancar lan nemoni urip kabegjan."

Sawise sauntara wektu, padha pepisahan lan mbacutaje lakune dhewe-dhewe.

•Dewi Lanjar: "Akhire aku tekan ning panggon iki, pesisir kidul. Aku tak golek papan sing apik kanggo tapa, supaya anteb tekatku lan yakin marang piwelinge Raja Mataram. Mugi-mugi aku uga bisa moksa (ngilang) lan bisa sapatemon karo Ratu Kidul supaya aku uga bisa dsdu abdine."

Pinuju ing sawijining dina, Dewi Lanjar didawuhi nggodha lang ngalangi Raden Bahu kang lagi mbukak alas Gambiren. Amarga kasektene Raden bahu, Dewi lanjar kalah lan mantep ora balu neng pesisir kidul.

•Dewi Lanjar: "Raden Bahu, kula ngakeni mawon. Kula mboten wantun wangsul dhateng pesisir kidul. Pramila, menawi dipunkeparengaken, kula pingin ndherek gesang ing papan panguwaos panjenengan ing pesisir ler."
•Raden Bahu: "Yen mengkono panyuwunmu, aku bakal nampa lan menehi palilah kowe manggon ing tlatah panguwasaku. Naging, becike kowe kudu tetep nyuwun palilah luwih dhisik marang Ratu Kidul, kepiye wae kowe tau utang budi marang piyambake."
•Dewi Lanjar: "Matur nuwun, Raden. Inggih, pancen kula nyuwun palilah dhateng Ratu Kidul rumiyin. Kula badhe dhateng pesisir kidul rumiyin, sesampunipun kula badhe wangsul mriki malih."
•Raden Bahu: "Ya, mangkata! Temonono Ratu Kidul, sawisr kuwi baliya mrene maneh, lan tlusurana pesisir lor Jawa! Yen mengko wis ketemu papan kang becik manut panemumu, mandhega lan manggona ing papan kuwi."
•Dewi Lanjar: "Matur nuwun, Raden Bahu. Kula badhe bidhal lan mangke wangsul mriki malih."

Sakbaline saka pesisir kidul, Dewi Lanjar banjur nlusuri pesisir lor kanggo nemokake papan sing cocok.

•Raden Bahu: "Aku ngayogyani menawa kowr arep manggon ing papan kuwi. Kowe tak parengake papan ing pesisir lor Jawa Tengah, utamane ing Pekalongan."

Kanggo pengeling-eling legenda Dewi Lanjar, dianakake upacara sedekah laut. Adicara kaya mangkono mau diadani saben taun lan kalebu ing tanggalan pariwisata.