Ayudiah(04) & Putri(21) by Ayudiah Susilowati Wahdah
Tema
Dasar utawa leladhesan bakuning gagasan cerita
Unsur intrinsik drama
Alur
Reroncening kedadean kang dumadi sajroning cerita
Latar
Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning cerita
Paraga
Paraga kang ana sajroning cerita
Koda
Pesan kang diandharake dening pangripta marang para pamaos
Unsur drama melati lan nyambik
Tema
Asmara
Alur
Latar
Panggonan: lapangan, omah pak camat
Kahanan: seneng
Paraga
Ibu, nyambik, jaka rahmat, kenanga, gading kuning, gading putih, melati lan pak camat
Koda
Aja mung nyawang wong mung saka wujud fisik, nanging uga katon ing atine
Jaka Tarub
Ing sawijining desa ana wong wadon sing jenenge mbok randha tarub. Bojone wis seda lan ora duwe putra, dheweke kasepen mulane mutusake mupu anak sing dijenengi jaka tarub. Nalika wis gedhe jaka tarub dadi wong sing becik lan nyengsemake, nanging dheweke durung kepengin omah-omah. Ing sawijining dina,
Mbok randha: (Nyedaki jaka tarub) Le, kowe ora pengin ta omah-omah? Kowe wis wangun omah-omah lan uga akeh wadon nom-noman sing kepengin dadi sisihanmu.
Jaka tarub: Tarub dereng pengin, mbok.
Mbok randha: Simbok kepengin bisa momong putu, lha yen simbok mati sapa sing bakal ngurusi awakmu?
Jaka tarub: Inggih sampun ta, mbok, sugeng wonten ingkang ngatur, kita lampahi mawon lan ndonga mugi-mugi dipunparingi yuswa panjang.
Ing dina candhake,
Jaka tarub: (Tangi turu bingung nggoleki mbok randha) Mbok! Mbok! Neng pawon karo kebon buri ora ana, apa isih ana ing kamar ya? (Lumaku menyang kamar mbok randha) Oalah panjenengan ten mriki ta, tiwas kula padosi dumugi pundi-pundi.
Mbok randha: Iya, le. simbok nyuwun pangapurane ya, simbok ora kuwat tangi dadi ora bisa nyepakake lawuh.
Jaka tarub: Mboten punapa-punapa mbok, tarub mangke nyawisaken piyambak. (Ndemek bathuke mbok randha lan kaget) Badanipun simbok benter sanget, dipuntengga sekedhap nggih mbok. Kula badhe mendhet ron dhadhap serep wonten ing kebon wingking kangge ngleremaken bentere simbok.
Mbok randha: Iya le, cepet ya mbok wis ora betah.
Nanging tuhan duwe kersa seje, sawektu jaka tarub bali mbok randha wis diulemi dening kang maha wisesa lan jaka tarub uga nangis. Sakwise ditinggal mbok randha, jaka tarub dadi aras-arasen nyambut gawe. Dheweke dadi duwe kesenengane anyar yaiku bebedhag ing alas, sawijining dina dheweke lunga bebedhag ing tlatah gunung keramat amarga ngimpi dheweke mangan daging kidang. wektu lagi ngaso sangisore wit cedhak tlaga, dheweke remeng-remeng krungu swara para widodari lagi guyon. Dheweke ndeleng banjur kapincut karo kaendahan widodari kasebut.
Jaka tarub: (Njupuk selendhange salah siji widodari)
Widodari paling tuwa: Nimas, ayo wes sore padha bali menyang kayangan .
Para widodari padha cepet-cepet nggawe selendhange, nanging ana salah siji widodari sing ora nggawe selendhange.
Widodari paling tuwa: nimas, ayo cepet digawe selendhange, awakke dewe kudu enggal bali menyang kayangan.
Nawang Wulan: Nyuwun pangapunten, kakang mbok, selendhangku ora ana.
Para widodari uga age-age ngrewangi ngupadi selendhange nawang wulan amarga tanpa selendang iku dheweke ora bisa bali menyang kayangan, nanging dheweke kabeh ora bisa nemu selendhang iku ing ngendi-endi.
Widodari paling tuwa: Ngapurane ya nawang wulan, aku ora bisa nunggoni kowe suwe-suwe awakke kabeh kudu cepet bali amarga wes peteng. Kuwatna atimu ya. (Mabur karo widodari liyane)
Nawang Wulan: (Kaweden lan nangis sesenggukan)
Jaka tarub: (Metu saka pandhelikane)
Nawang Wulan: (Ndeleng jaka tarub lan keweden) Panjenengan sinten? (Ndredheg)
Jaka tarub: Ora usah wedi, aku jaka tarub. Omahku ora adoh saka kene. Kena apa kowe ana kene lan sapa jenengmu?
Nawang Wulan: Jenengku dewi Nawangwulan. Mau aku adus neng kene, nanging selendhangku ilang dadi aku ora bisa bali menyang kayangan.
Jaka tarub: oh ngono ta, ayo nggoleki selendhangmu. (Ethok-ethok bingung lan nggoleki selendhang nawang wulan) selendhangmu ora ketemu, ndean kegawa angin.
Nawang Wulan: (Nangis) Sengsara tenan nasibku, aku kudu mapan neng endi? Aku ora ngerti papan ing sakiwa tengen kene.
Jaka tarub: Kowe bisa mapan ing omahku.
Nawang Wulan uga gelem dijak mapan ing omahe jaka tarub, kairing lumakune wayah dheweke kabeh uga omah-omah lan nduweni siji yuga kang diwenehi jeneng dewi nawangsih. Salawase omah-omah, dewi Nawangwulan tansah nganggo kasektene. Ing atase sak las beras dimasak bisa dadi sega sak wakul. Ing sawijining dina,
Nawang Wulan: Kakang kula nembe adang sekul, nyuwun tulung geninipun ampun ngantos pejah. Kula badhe dhateng tegalan pados janganan lan panjenengan ampun ngantos mbikak tutup kukusan punika! (Budal menyang tegalan)
Jaka tarub: Kena apa dheweke meling ngono? (Bukak tutup kukusan) Oalah mulane beras ning lumbung ora tau entek, jebul bojoku bisa dadekake sak las beras dadi sak wakul sega.
Sabalike saka tegalan Nawang Wulan age-age mbukak tutup kukusan nanging dheweke kaget amarga beras sak las mau utuh ing jero kukusan. Amarga jaka tarub mbukak tutup kukusan, kasektene Nawang Wulan banjur ilang saengga beras ing lumbung cepet entek. Wektu dheweke arep njupuk beras ing lumbung dheweke kaget amarga nemu selendhange sing dicolong bojone dhewe.
Nawang Wulan: (Nekani jaka tarub) Kakang kula kedah wangsul kayangan! Kula titip Nawangsih. Kula dipun damelaken gubug wonten ing tengah sabin lan mangke Nawangsih dipuntilar kemawon wonten ing gubug wau. Kula badhe dhateng saben dalu kangge nyusoni lan menawi sampun rampung mangke lajeng kabekta wangsul malih dhateng griya. Nanging piweling kula, kakang sampun ngantos nyaketi kula malih.