laura andi f rischa ardianasari by laura ferlita

Pengertian unsur-unsur intrinsik drama
1. Tema
Tema yaiku gagasane crita. Tema ditemtokake sawise maca utawa ndeleng drama.
2. Paraga
Paraga utawa tokoh yaiku sapa wae kang main ing panggung. Ana paraga utama lan paraga biyantu, saliyane kuwi ana paraga protagonis yaiku paraga kang diarepkake bisa pada marang kekarepane pangripta teks, paraga antagonis yaiku paraga kang duwe kekarepan kudu bisa nentang protagonis anggone pada marang dalan crita, paraga tritagonis yaiku paraga kang dadi kancane protagonis.
3. Latar
Latar yaiku dhasare crita. Ana latar wayah, swasana, lan papan. Latar wilayah yaiku dhasare wayah utawa apa wae kang nuduhkake wayah, latar swasana yaiku dhasar swasana crita swasana crita bisa medeni, bungahkake, lan mangkeli, Latar papan yaiku dhasar papan panggonan crita bisa satemene utawa kayalan.
4. Alur
Alur yaiku lelakune crita ing teks drama saka jejere crita nganti pungkasane. Satemene ana telu jinis alur kang umum dimangerteni yaiku maju, mundur, lan campuran.
5. Koda
Koda utawa amanat yaiku pitutur/pesen pencipta crita ingkang badhe nganturaken pesen dhateng pamaos.

Indentifikasi teks drama melati lan nyambik
1. Tema
Melati lan Nyambik
2. Paraga
- Ibu
- Nyambik ( arupa golekan utawa patung nyambik gedhe mung krungu swarane
- Jaka rahmat
- Kenanga
- Gading kuning
- Gading putih
- Melathi
- Pak camat
3. Latar
Desa merjosari lan sedih
4. Alur
Nde suatu desa merjosari ana ibu lan anak sing rupane kaya nyambik gede.
Anak ibu sing kaya nyambik pingin dilamarno karo anak e pak camat. Ibu iku mau nakoake anak e ten pak camat menowo anak-anak e pak camat ana sing gelem. Anak e pak camat wonten papat tapi telu-telu e ora ana sing gelem dirabi karo nyambik iku mau. Nanging ana anak siji jenenge melati gelem dirabi karo nyambik. Sawise rabi melati lan nyambik ana lomba bojo e melati iku mau diilok-ilokno karo mbak-mbak e yen bojoe ora iso bal-balan. Ana bocah kuwi ganteng mba e melati telu-telu e mau kesemsem karo bocah kuwi, bocah kuwi marani anak e pak camat papat iku mau, sing melati iku ngomong yen wes due bojo, nanging bocah ganteng iki ngomong yen asline jeneng e rahmat iku bojoe melati sing sak durunge dadi nyambik.
5. Koda
Ojo sokor ngilok-ngilokno fisik e uwong yen ora ngerti keadaane.

Api Abadi Mrapen
Orientasi: Ing taun 1503 Raden Patah kabiyantu denin para wali lan guru agama ngedekake Kasultanan islam Demak Bintara. Kasultanan Bintara dadi maju banget lan daya pangaribawane tumeka ing negara Majapahit. Ing jaman panguasane Sultan Trenggono, Kasultanan Demak kasil ngasurake Majapahit kanti rubuhing Majapahit Kasultanan Demak dadi negara islam panguasa tunggal ing tanah jawa. Sabanjure, Kasultanan Demak Bintara ngupaya gawa barang barang warisan keraton Majapahit menyang Demak. Salah sijine yaiku Pendhapa keraton Majapahit kang didadekake serambi Masjid Agung Demak.

Komplikasi: Sunan Kalijaga: "Ayo, leren ndi ndhisik ing kene".
Salah siki pandhereke: "Nggih, Kanjeng Sunan. Nanging wonten mriki boten wonten lepen utawi sumber toya kangge nginum, Sunan".
Sunan Kalijaga: Ya, entenana sawetara nng kene".
Pandhereke Sunan: "Nuwun sewu Kanjeng. Wonten barang kita ingkang kantun ng Mrapen".
Sunan Kalijaga: "Apa sing keri?"
Pandhereke : "Ompak. Kanjeng Sunan , nyuwun palilah kula badhe mendhet ompak punika".
Sunan Kalijaga: "Ora usah. Ompak mau ora perlu dijupul. Kareben tetep ing kana, sabab mengko mesthi akeh pingunane".
Sunan Kalijaga: "Jaka supa, aku kancanono golek kayu jati menyamg alasa".
Jaka Supa: "Nyuwum sewu, kanjeng. Boten semethinipun kanjeng padhos kajeng jati piyambak dhateng wana. Kenging punapa mboten ngutus para abdi kemawon?