Ardine, Laila, Yessica by 23_Yessica Bunga

Tugas 1
•Tema: Bab dhasare naskah drama utawa bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
•Latar:
- latar waktu : nggambarake nalika paraga paraga ngalami kedadeyan ing panggung
- latar panggonan : nggambarake ing panggung saben babake
- latar swasana : nggambarake kedadeyan ing sekitar paraga lan sing dirasaake paraga
•Paraga :
- paraga utama : paraga kang dadi sumber cerita
- paraga pembantu : paraga kan nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan
- paraga figuran : paraga kan dianakake supaya kahanan e dadi kaya nyata, nanging ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan
•Alur: urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kepisan nganti babak terakhir
•Koda: pesan moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton

Tugas 2
• Tema : Nyambik golek bojo
• Latar :
-Latar tempat: omah pak camat lan lapangan
-Latar suasana : tegang, kaget
• Paraga : Ibu, Nyambik, Jaka Rahmat, Kenanga, Gading Putih, Gading Kuning, Melathi, Pak Camat
• Alur: maju
• Koda : Ojo gampang nilai sesuatu tekan njobone wae, kudu dadi uwong sing iso nerimo kekurangan uwong lio

Jaka tarub
Duk nalika semana, ing desa ana wong Randha jenenge Mbok Randha Tarub, dheweke rumangsa kesepen amarga ditinggal bojone seda lan ora nduweni anak. Mulane dheweke mupu anak lanang lan dijenengi Jaka Tarub. Ing sawijing dina, Mbok Randha ngomong marang Jaka Tarub.
Mbok Randha: "Jaka Tarub, sejatine Kowe wis wayahe Wangun omah-omah, simbok uga wis kepingin selak bisa momong putu."
Jaka Tarub: " Tarub dereng pingin mbok, menawi umur sampun wonten ingkang ngatur, terus ndonga dipunparingi Gesang ingkang panjang.
Dina selanjute, nalika tangi turu Jaka Tarub nggoleki Mbok Randha, nanging ora kepethuk.
Jaka Tarub: "mbok mbok!! Ning pawon ora ana, ing kebun mburi ora ana, apa isih ing njero kamar?"
Jaka Tarub: "oalah mbok, wonten mriki ta, pun kula padosi ing pundi pundi."
Mbok Randha: "iyo simbok wiwit mau ana kamar. Simbok njauk ngapura ora bisa nyepaake lawuh, ora kuat tangi"
Jaka Tarub: "mboten punapa mbok, badan si mbok panas banget, sekedap nggih tarub mendhet rondhadhap."
Kanyatan Allah SWT wis nimbal mbok Randha luwih disek.
Jaka Tarub: "oalah mbok mbok! Kok. Mboten nengga kulo? Saiki kulot katun piyambakan mboten gadhah sinten-sinten malih"
Sawise ditinggal mbok Randha jaka tarub dadi aras-arasen nyambut gae. Pamikire Jaka Tarub wis ora ana gunane maneh amarga rumangsa kesepen ora ana sing diopeni.
Jaka Tarub lunga ing bedhag neng tlatah gunung keramat. Telaga kuwi dinggo adus dening widadari saka kayangan lan mudun ning bumi ngigunakake selendang. Jaka Tarub ndeleng saka mburi widadari lan kepincut kaendahan rupane, Jaka Tarub njupuk selendang salah siji widadari.
Kakang mbok: "Dewi Nawang Wulan ana ngendi selendangmu? Ayo ndang cepet dinggo."
Dewi Nawangwulan: "ngapunten kakang mbok, selendang kula ora ana."
Kakang mbok: "nimas nawangwulan aku ora bisa nunggoni suwi suwi, amarga langit wes peteng."
Para Widadari pada ngrewangi seledang sing ilang, tapi ora ketemu lan para Widadari mabur temuju kayangan.
Dewi Nawangwulan keweden amarga wis peteng lan ora ana sapa-sapa. Jaka Tarub wani metu saka walike grumbulan.
Dewi Nawangwulan: "panjenengan sinten?"
Jaka Tarub: "ora usah wedi, jenengku Jaka Tarub, sapa jenengmu?"
Dewi Nawangwulan: :" jenengku Dewi Nawangwulan, mau aku ados ing telaga iki, nanging selendang ku ilang lan ora iso balik."
Jaka Tarub: "Ooo ngunu ta, ayo digoleki bareng-bareng."
Jaka tarub ngomong yen selendang e ora ketemu, menawa kegawa angin embuh tekan ngendi.
Dewi Nawangwulan: "sengsara nemen nasibku, apa aku kudu mapan ing bumi? Aku ora ngerti papan sakiwo tengen kene."
Jaka Tarub: "omahku ora adoh saka telaga, ayo melu nang omahku."
Sauntara wektu manggon ing omah jaka Tarub, jaka tarub lan Nawangwulan pada omah-omah lan duwe putri ayu jenenge Dewi Nawangsih. Dewi Nawangwulan kanggo kesaktiane beras sak las bisa dadi sak wakul.
Dewi Nawangwulan: "kakang kula adang sega, nyuwun tulung geni ne aja sampe
mati."
Jaka Tarub: "batinku, beras ning lumbung ora tau entek, bojoku dadikake sak las beras dadi sak wakul sega."
Sak barine saka tegalan, Nawangwulan gage mbukak dandang. Ndeweke ngerti yen bojone mbukak dandang, mulane kesaktiane banjur ilang. Saiki adang sega pada karo wong umum, beras ing lumbung cepet entek.
Nawangwulan lunga menyang lumbung arep jupuk beras, nanging deweke kaget amarga ero selendang e sing mabur ana ing kunu.
Nawangwulan: "kakang, kula kudu wangsul dateng kayangan, kula damelake gubuk ing tengah sabin lan nawangsih dipun tilar wonten ing gubuk mau, aku bakal teka ning bumi gawe nyusuni nawangsih."
Sapungkuring bojone, Jaka Tarub dadi panutan kanti sebutan "KI AGENG TARUB" deweke kekancan karo Prabu Brawijaya. Nawangsih lan Bondan Kejawan di jodohake. Nduweni anak jenenge Ki Ageng Sela sing dadi cikal bakal kakek buyute.